Sesorah Basa Jawa

by - October 01, 2019

SESORAH

Sesorah yaiku ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas lan tartamtu.
miturut jinise, sesorah ana sing kanggo upacara adat mantenan, sunatan, lan sedekah bumi.
miturut gunane, kaperang dadi 3
1. Sabdatama yaiku sesorah tunggal kang ora kudu ana wangsulan. kayata nasehat, khutbah kyai.
2. Pambgyaharja yaiku sesorah kanggo mahargya utawa mapak tamu. Biasane kanggo acara mantenan.
3. Tanggap Wacana yaiku sesorah kang kudu ana wangsulane. kayata pasrah temanten.

Ancase sesorah iku ana 4
1. Atur kabar
2. Atur pambagyaharja
3. Atur panglipur
4. Pangajak

Carane sesorah
1. sesorah dadakan / impromptu yaiku kang ora kanyana-nyana. tanpa disiapake
2. sesorah apalan / memoriter yaiku sesorah kang nganggo catetan sing kudu diapalke.
3. sesorah extemporan yaiku sesorah kang nganggo catetan sing mung digunakake kanggo pangiling-iling urutan wedharane.
4. sesorah teks yaiku sesorah kang migunakake teks lan diwaca sawutuhe.

Bab wigati nalika sesorah
a. basa
b. busana
c. solah bawa
d. swara

Cegkorongan  / Rantamane Sesorah
1. Uluk salam
2. Purwaka
3. Isi
4. Pangarep-arep
5. Panutup

You May Also Like

0 comments